Minggu, 19 April 2009

Udan ing Malang

Udan deres dalan kota Malang
Aku mlayu golek yup-yupan
Setitik jinjit karo pencolotan
Golek aman soko banyu udan

Ambek konco-konco nerobos udan
Kadang mripit dalan kos-kosan
Mandeg diluk nyeruput teh pojan (pojok dalan)
Awak anget, bonuse tunutan gak kudanan

Moleh kesoren tekok lab. MIPA
Mari praktikum Biokimia
Eman tenan lek ditinggal
Soale dosene Killer tenan

Udan tambah deres,angine nemen
Rasane bukuku gak aman
Pikiran selak moleh,ati gak sabaran
Syukur, angkot teko nampung awak kademen

Longgoh sesel-seselan
Soale manungsane kakean
Untung, awakku rodo kurusan
Gak popo, seng penting kengean

Dalane kota Malang kebanjiran
Pancen wes jarang wit-witan
Opo maneh di bangun kos-kosan
Kali amber gak ono penyerapan

Terakhir numpak bis Jombang
Mudun makam pahlawan
Awak teles gebes, Kuto Batu ora udan
Wong ojekan heran, aku kisinan

Udan iku Rahmate Pengeran
Gak ono udan, kebingungan
Teko omah, mari salam mlebu pawon
Dadar jagung jangan asem, enak tenan...

Eling-eling,15-04-2009

Enter your email address:

1 komentar:

Anonim mengatakan...

asyik kie guritannya mbak!
dilagokke puenak tenan kie

Posting Komentar